Senin, 29 Oktober 2012

khutbah iedul fitri jw



الخطبة الاولي
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
تكبير :
 الحمد لله ، نحمده ونستعينه ، ونعوذ بالله من شرور أنفسنا ، وسيئات أعمالنا ، من يهده الله فلا مضل له ، ومن يضلل فلا هادي له ، وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له ، وأشهد أن محمدا عبده ورسوله
والصلاة على محمد المصطفى، صاحب النبوة والرسالة، وعلى آله وأصحابه الهادين من الضلالة
(اما بعد) يا ايها الاخوان اتقواالله.... اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُون.


Hadirin sedoyo…
Sumonggo kito sami-sami ningkataken taqwa dumateng Allah SWT. Kranten takwa puniko salah setunggalipun perkawis ingkang dados cukulipun amal, sahinggo kito saget bejo wonten dunyo tuwin akirat. Takwa inggih puniko nglampahi perintahipun Allah dalah nebihi awisanipun.
Hadirin ingkang minulyo…
Jam demi jam, hari demi hari, kanti boten kraos kito sampun dipun tilar kalian wulan Ramadlan, wulan ingkang mulyo, wulan ingkang kebak barokah, maghfiroh lan rahmat. Pramilo kamenangan ingkang hakiki  inggih puniko kamenangan kagem tiang-tiang ingkang ikhlas mempeng wonten wulan Ramadlon, kanti poso, mempeng shalat sunah, tadarus Al-Quran, zakat,  soho ngamal-ngamal kesahenan lintune. Kamenangan hakiki sanes kagungane tiang ingkang seneng anggur-angguran wonten sak lebete wulan Ramadlan.
Mugi-mugi nilai-nilai ingkang tekandung wonten tarawih lan poso saget merasuk dateng manah utawi ati kito sedoyo. Dados tiang ingkang andap asor, ngroso alit wonten ngrersane Allah, . Kito saget gadah ati ingkang welas dating tiang lintu, ora tukang mentalan dating tiang lintu setara. Nginggil lan rendahipun kedudukanipun kawula ing ngersane Allah tergantung taqwanipun.
Hadirin ingkang minulyo….
        Sak sampunipun kito wonten wulan Ramadlan ambudi doyo (berusaha) nyaheni hubungan Hablumminallah utawi hubungan kito dateng Allah SWT, wonten maleh ingkang kedah kito tindake, inggih peniko hablumminannas utawi hubungan manungso dateng manungso lintunipun, ingakang biasa kito sebat hubungan sosial.
Hadirin ingkang minulyo…
        Hubungan keleh puniko siji lan sijinipun boten kinging dipun pisah. Sahe dateng Allah mawon ananging dateng tiang lintu awon puniko boten saget. Pramilo tiang mukmin ingkang sampurno imane inggih punuko tiang mukmin ingkang sahe dateng Alloh (ngibadahe sahe) ditambah sahe ugi dateng tiang lintunipun.
Hadirin ingkang minulyo…
        Hubungan kawulo dateng Allah puniko dipun bangun kanti proses gampil utawi mirah, katah toleransinipun. Sahinggo lamun wonten tiang nglampahi doso ingkang gegayutan kalian hak Allah, piambakipun boten ngremehaken dosane, piambae estu-estu anggetune, purun nyuwun napunten dating Allah, gadah krentek bade mareni lan ora pisan-pisan boten mangsuli dosane, Insyaallah Allah ngapunten doso tiang kalo wau. Benten bilih kesalahan ingakang kito lampahi punilo gegayutan kalian tiang lintu utawi hak Adam, ngino wong liyo, ngrasani, nganioyo, ndzolimi wong liyo, mongko Allah boten bade ngapunten doso kolo wau kejawi estu-estu sampun angsal ridlo utawi kehalalan saking tiang ingkang bersangkutan.
Hadirin ingkang minulyo…
        Monggo sareng-sareng berusaha estu-estu menuju kemenangan, estu-estu menuju iedul fitri kanti purun nyuwun halal, halal bil halal,  nyuwun ridlo dating tiyang-tiyang ingkang sampun kito aniyoyo, dateng tiang ingkang kito dzolimi bandane, kito dzolimi harga dirinipun.n,  Sak wangsule monggo kito gampel aweh ngapuro, aweh halal dating tiang-tiang ingkang sampun dzolimi, sampun ngantos antaranipun santri-podo santri bengkerengan, antara podo-podo wong Islame ungkur-ungkuran mboten wawuh krenten puniko hukumipun haram.
        Hadirin ingkang minulyo….
Monggo kito sami-sami ngapuran-ngaputanan, sampun ngantos anggak, kranten tiang ingkang paleng  sahe antarane kito sedoyo inggih puniko tiang ingang ngawali wawuhipun, tiang ingkang ngawali aweh ngapura, tiang ingkang ngawali ngajak salaman, boten males agawe olo, sinahoso selalu dipun damel olo. Tiang ingkang mekaten bade dipun hisab amale kanti gampil, sahinggo gampil ugi anggene lumebet suarganipun Allah SWT.
Kanjeng Nabi sampun dawuh, ingkang sampun dipun riwayataken kalian sahabat Abi Ali radliallahu anhu :
أن رسول الله صلى الله عليه وسلم، قال: (من سره أن يمد الله في عمره، ويوسع في رزقه، ويدفع عنه ميتة السوء فليتق الله وليصل رحمه).
Setuhune  Rasulullah paring sabdo: “Sinten-sinten tiang ingkang seneng dipun panjangake umure, seneng dijembarake rizkine, dipun tolak utawi dipun hindarake mati su’ul khotimah, mongko becik takwaho dateng Allah lan becik bersilahturrahim”.
        Wonten dawuh ingkang lintu :
أن رسول الله صلى الله عليه وسلم، قال: (ما من ذنب أجدر أن يعجل الله تعالى لصاحبه العقوبة في الدنيا، مع ما يدخر له من الآخرة من القطيعة للرحم والبغي).
Setuhune Kanjeng Nabi Muhammad SAW paring dawuh: “Tiada dosa yang lebih layak segera untuk diberi balasan bagi pelakunya di dunia, disamping nanti kelak terdapat juga balasannya di akhirat dari pada pemutus tali silahturrahim dan perbuatan serong”.
        Mugi-mugi kito saget mempertahankan bahkan saget ningkatake abadah-ibadah ingkang sampun kito bangun wonten wulan Ramadlan. Mugo-mugo Allah ngapunten danten sedanten doso kito, dosane tiang sepah kito lan dosane tiang Islam sedoyo. Mugi-mugi   kito saget nyaheni dating tiang sepah, dating poro sederek, dating tonggo teparo, sahinggo kito saget slamet saking hak Adam, sak sampune Ramadlan estu-estu saget fitrah utawi wangsul dating kesucian,  ing tenbene zaman saget wilujeng wonten dunyo dalah angsal ridlone Allah lan ngantos saget lumebet surgane Allah SWT.
       
اعوذ با لله من الشيطا ن الرجيم . بسم الله الرحمن الرحيم .قَدْ أَفْلَحَ مَنْ تَزَكَّى . وَذَكَرَ اسْمَ رَبِّهِ فَصَلَّى .بَلْ تُؤْثِرُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا . وَالْآَخِرَةُ خَيْرٌ وَأَبْقَى . إِنَّ هَذَا لَفِي الصُّحُفِ الْأُولَى . صُحُفِ إِبْرَاهِيمَ وَمُوسَى . با رك الله لي ولكم في القران العظيم ونفعني و ايا كم بما فيه من الا يات والذكر الحكيم. وتقبل مني ومنكم تلا وته انه هو السميع العليم. اقول قولي هذا استغفر الله العظيم لي ولكم ولسا ئر المسلمين والمسلمات والمؤمين والمؤمنات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم.
خطبة الثاني
تكبيرٌ:
الحمد لله المتفرد بصفات الكمال والجمال والجلال ، أحمده تعالى وأشكره ، وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له في ألوهيته ، ولا ند له في ربوبيته ، ولا مثيل له في أسمائه وصفاته . أشهد أن محمدا عبده ورسوله ، المبعوث رحمة للعالمين ، أرسله الله بالهدى ودين الحق ليخرج الناس من عبادة العباد إلى عبادة رب العباد ، ومن جور الأديان إلى عدل الإسلام ، ومن ضيق الدنيا إلى سعة الدنيا والآخرة ، فصلوات ربي وسلامه علي محمد وعلى آله وأصحابه أجمعين .
أما بعد ) يا ايها الاخوان اتقواالله... اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُون
فا جيبوا الله عبا دالله الي ما دعاكم وصلوا وسلموا علي من به الله هداكم. الللهم صلي وسلم علي سيد نا محمد  وعلي اله وصحبه اجمعين. وعلي التا بعينوتا بع التا عين وار ض عنا معهم بر حمتك يا ارحم الرا حمين. اللهم اغفر للمؤمنين والمؤ منات والمسلمين والمسلمات الاحياء  منهم والاموا ت انك قريب مجيب الدعوات وقا ضي الحجا ت واغفر الذنوب  والخطيئا ت . اللهم انصر من نصر الدين واخذ ل من خذل المسلمين و دمر اعداء الدين واعل كلما تك الي يوم الدين. اللهم اكفنا شر الظا لمين وكفين من يؤ ذينا بجودك وكرامكز استجب دعاء نا يا رب العالمين. ربنا اغفر لنا ولاخواننا الذين سبقونا با لايمان ولا تجعل في قلوبنا غلا للذين امنوا ربنا انك رؤ ف الرحيمزز
عبا د الله !!!.
 ان الله ياء مر  بالعدل والاحسان وايتاء ذي القربي وينهي عن الفحشاء والمنكر والبغي يعظكم لعلكم تذكرون اذكر الله العظيم يذكر كم واسءلوه من فضله يعطيكم ولذكرالله اكبر.

0 Responses to “khutbah iedul fitri jw”

Posting Komentar